Tuesday, June 15, 2010

Ceita Rakyat Bahasa Jawa

KIDANG KENCANA

Dhek jaman biyen ana ratu sing murka, kereng lan srakah. Panjenengane pirsa yen ing salah sawijining alas wewengkon iku ana kidang kencana. Ratu ngersaake nyekel kidang kencanan iku. Amarga kidang kencana iku bisa nyiptakake glindhingan - glindhingan emas.
Kanthi reka daya sing julig, para nara praja bisa nyekel kidang kencana iku kidang digawa menyang kraton.
" Dang, aku njaluk kowe nyiptakake lempengan lempengan emas! Sing akeh! Yen kowe mbantah, dak potong gulumu" Pandikane ratu.
" Sendika dhawuh, kanjeng. Nanging wonten wewaleripun, menawi dalem nembe damel emas, sampun ngatos kanjeng endheg"
" Ya, ingsun sepata, Dang!"
Kidang langsung nggedrug-nggedrug sikile ana lemah. Sakiwo tengene ratu njedhul glindhingan-glindhingan emas. Saya suwe tumpukan emas saya akeh. Dhuwure emas wis nganti tekan janggane kanjeng ratu. Kanjeng Ratu sumelang, wedi seda gurugan emas.
Kanjeng Ratu supe karo sepatane dhewe.
"Wah...wah...wadhuh, prei! Wis wis wis, Prei! Wis prei bae!
Glindhingan emas iku isih pada njedhul. Kanjeng Ratu wis kagurugan emas. Ujug - ujug gunungan emas kuwi malih dadi endhut. Entek sejarahe Kanjeng Ratu. Panjenengane seda.
Ratu sing murka, kereng, lan srakah iku seda ana kratone dhewe. Sawise Kanjeng Ratu seda, kidang kencana bali menyang alas. Kadhang kala dheweke ngetok ngedumake glindhingan-glindhingan duwit emas kanggo wong - wong mlarat.


No comments:

Post a Comment