Tuesday, June 15, 2010

Cerita Rakyat Bahasa Jawa

DUMADHINE RECA TOTOK KEROT

Reca Totok Kerot tinemu ing sapinggire kali Brantas in Kediri. Manut crita biyen reca kuwi dumadi saka manungsa. Dene critane mangkene.
Dhek jaman biyen, tlatah Kediri diprentah dening raja agung yaiku Prabu Jayabaya. Adhoh saka kutha raja, yaiku ing sawijining alas gung liwang liwung ana padesan. Alas kuwi diarani alas Lodhoyong. Sing dadi pimpinan wong wadon sing aran Nyai Lodhoyong.
Nyai Lodhoyong duwe kesakten sing ngedab - edabi. Jalaran kasektene kuwi Nyai Lodhoyong diwedeni para kawula. Saben pawongan wedi, yen nganti luput marang Nyai Lodhoyong disotaake bisa dadi kewan. Utawa disotake dadi apa wae sing dipepingini Nyai Lodhoyong.
Keprungu kabare manawa Prabu Jayabaya kuwi raja sing bagus banget. Nyai lodhoyong pengen dadi garwane. Mangka Nyai Lodhoyong pakulitane ireng, rambute gimbal, lan ngemperi wong lanang. Beda banget karo wanita kraton sing mriyayeni banget. Ewasemono tekade Nyai Lodhoyong gedhe banget. Dheweke nggunakake kasektene, nyenyuwun marang Dewi Durga supaya dadi ayu ngemperi garwane Prabu Jayabaya.
Nyai Lodhoyong dikabulake panyuwune. Klakon dadi putri keraton sing ayu banget. Kanthi dhedemitan banjur tumuju keraton Kediri. Nalika pisowanan dadak nyai lodhoyong sing wis dadi putri ayu melu sowan ing ngarsane Prabu Jayabaya.
Senajan rupane memper garwane Prabu Jayabaya, mesthi wae tindak tanduke ora bisa padha. Apa maneh Prabu Jayabaya kuwi raja sing weruh sadurunge kelakon.
Tekane Nyai Lodhoyong ditampa kanthi becik. Nyai Lodhoyong sing dadi putri didangu Prabu Jayabaya ngaku yen garwane. Ditakoni perkara keraton, Nyai Lodhoyong uga bisa mangsuli, jalaran dheweke duwe kesakten. Sing beda mung solah bawane lan suba sitane marang Prabu Jayabaya sing beda.


No comments:

Post a Comment