Monday, December 28, 2009

CANGKRIMAN

Cangkriman iku unen-unen kang njaluk dibatang. Ana kang asale mung saka anggone nggathuk nggatukake wandane tembung sawetara. Nanging ana kang awujud irib-iribaning barang.
tuladha:

a. Kang awujud gathuke wancahaning tembung
  • gowang pelot = jagone ana ing lawang, cempene mencolot
  • les-mba-dhonge-karwa-pete = tales amba godhonge cikar dawa tipete
  • manuk biru = pamane punuk, bibine kuru
  • pothel kidi = tompo cemanthel kaki wedi
  • segara beldhes = segane pera sambele pedhes.
  • tuwok rawan = untu krowok larane ga karuan
  • wit thoyung = yen dijiwit atho biyung
  • gerbong tulis = pager kobong watune mendhelis
  • sinyo tuwan = gusine menyonyo untune kedawan
  • buta buri = tebu ditata mlebu lori
b. Kang awujud irib iribing barang
  • bosok malah enak = tape
  • dicakot pucuke, sing kalong bongkote = rokok
  • emboke wuda anake ubet ubetan = pring
  • pitik walik saba kebon = nanas
  • tibane ngisor, digoleki dhuwur = gendheng trocoh
  • wit adhikih, woh adhakah = semangka
  • wit adhakah, woh adhikih = waringin
  • kayu mati ginubet ula mati = gasingan
  • dijupuki malah dadi mundhak gedha = juglangan
  • sego sak kepel dirubung tinggi = salak

No comments:

Post a Comment