Monday, December 28, 2009

WANGSALAN

Wangsalan iku unen-unen wujud cangkriman kang dikantheni batangane pisan, sanajan batangan mau mung nrempet bae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane. Batangan mau lumrahe isi piwulang.

Tuladha:
  • reca kayu, goleka sabda rahayu. ( reca kayu = golekan)
  • bayem arda, dhasar anteng tur jatmika (bayem arda = lanteng)
  • kukus gantung, sawengan kang adi luhung. (kukus gantung = sawang)
  • durna putra, ngudiya basa utama (durna putra = aswatan)
  • gayung sumur, kewan gung granane dawa. aja kemba, mangesthi saliring karya. ( gayung sumur = timba; kewan gung granane dawa = esthi (gajah))
  • bibis tasik, tasik manda winor tirta. maju mundur, tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik = undur undur, tasik manda winor tirta = parem)
  • tapas aren, aren arab wijilira. tindak tanduk, nora ninggal tata krama. (tapas aren = duk; aren Arab wijilira = kurma)
  • saron agung, agung agunging sujanma. yen mung ewuh, sabarang nora tumeka ( saron agung = demung; agung agunging sujanma = ratu)
  • cipta arda, ardaning tyas mring sasama. tyas susila, nor raga ambek jatmika. ( cipta arda = nepsu; ardhaning tyas mring sasama = ambek)
  • mamet tirta, tirta jawah jro ketiga. suka lila,lebur luluh labuh praja. ( mamet tirta = ngangsu, tirta jawah jro ketiga = labuh)

Wangsulan ing dhuwur kuwi awujud ukara rong gatra. gatra kapisan cangkimane, gatra kapindo batangane. Ana kang mawa etungan 4 wanda + 8 wanda, ana kang etungane ( 4 wanda + 8 wanda) x 2

Kajaba wangsalan wangsalan ing dhuwur uga ana wangsalan padinan. Ukara wangsalan padinan iku ora ndadak nganggo ngelingi etungan cacahing wanda. Ana sing ngganggo nyebutake batangane, ana sing tanpa nyebutake batangane.

A. tuladha wangsalan padinan kang ora nyebutake batangane :
  • We lha, njanur gunung kowe tekan kene. (janur gunung = aren = kadingaren)
  • Bok aja nglemah bengkah. (nglemah bengkah = tela = nyela nyela)
  • Aja njenang gula lho karo aku. ( jenang gula = glali = lali)
  • Wah, mandhan rawa lho kowe, bareng macak Jawa ( pandhan rawa = wlingi/manglingi)
  • Mung kepengen nggentha dara. ( gentha dara = sawangan = nyawang)

B. Tuladha wangsalan padiman kang nyebutake batangane
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung = angklung = cengklungen)
  • Yen ora nesu, geneya kowe kok mentil kacang, mrengut terus. ( mentil kacang = sungut = mrengut)
  • Balung geni, mbokmenawa aku rene liya dina. ( balung geni = mawa = mbokmenawa)
  • Pindhang lulang, kacek apa aku karo dheweke. ( pindhang lulang = krecek = kacek)
  • Kancing gelung munggweng dhadha, titenana! ( kancing gelung munggweng dhadha = peniti = titenana)

No comments:

Post a Comment