Monday, December 28, 2009

PARIKAN

Parikan iku unen unen rong gatra. wanda pungkasan pedhotaning gatra kapisan kecape padha karo wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapindho. gatra kang kapisan minangka purwaka, dene karepe ana ing gatra kapindho.
saben sagatra dipedhot 4 - 4; 4 - 8 utawa 8 - 8.

tuladha
a. parikan pedhotan 4 - 4
  • tawon madu ngisep sekar, golek ilmu kudu sabar.
  • ngasah arit nganti landep, dadi murid kudu sregep.
  • wedhang bubuk gula jawa, ora mathuk klewa klewa.
  • wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja.

b. parikan pedhotan 4 - 8
  • kembang aren, sumebar tepining kalen. Aja dahwen, yen kowe kepingin kajen
  • kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur. kudu jujur, yen kowe kepingin luhur.
  • kembang mlati, gandha arum warna peni. putra putri, kudu gemi lan nastiti
  • kembang cengkeh, gandha sedhep warna aneh. wong sing sumeh, tartamtu mitrane akeh.

c. parikan pedothan 8 - 8
  • kutha sala ajeg rame, sri wedhari neng tengahe. aku gela marga kowe, yen janji arang nyatane
  • sega punar sega empal, segane penganten anyar. dadi murid aja nakal kudu ulah ati sabar.
  • jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula. piwelingku mring para mudha, aja wedi ing rekasa.
  • mungguh kembang mlati, ana kombang ana tawon. aja wang wang jaman iki, pembangunan mesti klakon.
  • godhong adas sambirata, iku jamu mumpangati. aja lali para kanca, sinau kang setiti.

2 comments: